WELCOME TO MY SIMPLE BLOG, MAY USEFUL FOR US

Tuesday, October 7, 2014

Kethoprak "Lutung Kasarung"

Assalamu'alaikum!

Selamat malam..
Alhamdullilah ada waktu ngepost, aku pengen ngepost Kethoprak "Lutung Kasarung" (Bahasa Jawa). Sekitar 2 minggu yang lalu aku dapet tugas drama bahasa jawa atau yang sering disebut "kethoprak". 

Dan ini dia teks dari kelompok aku, kami buat sendiri dengan bantuan orang tua tentunya :D

CEKIDOOTTT 

IRAH-IRAHAN   : LUTUNG KASARUNG
PARAGA             :
  1. Raja Tapak Agung
  2. Purbararang
  3. Purbasari
  4. Lutung kasarung 
  5. Ibu
  6. Dayang
Ing satunggaling dinten, wonten satunggal kaneman ingkang sesilih Sanghyang Guruminda. Piyambakipun kepengen madosi jatuh kramanipun ingkang saget nampi piyambakipun napa wontenipun lan badhe dipundadosaken garwa. Piyambakipun nyuwun pirsa kaliyan ibunipun supados saget maringi margi ingkang sae.
Lutung                        : “Bu, kados pundi kula madosi jatuh kramanipun kula ingkang saget nampi kula napa wontenipun?”
Ibu                              : “Kepriye Nak, yen umpamane Ibu ndadeke praupamu memba dadi lutung?”
Lutung                        : “Napa, Bu? Lutung? Lajeng praupa kula ingkang bagus niki bakal dados awon.”
Ibu                              : “Ya kudu ngono supaya sliramu bisa nggoleki wong sing seneng tulus apa anane marang sliramu.”
Lutung                        : “Sak sampunipunkula dados lutung, kula kedang gesang wonten pundi?”
Ibu                              : “Budhala sliramu nang alas lan mapana nek kana.”
Lutung                        : “Nggih sampun, kula mituhu punapa ingkang dados dhawuhipun Ibu.”
Wusananipun Sanghyang Guruminda dipunewohi dados lutung kaliyan ibunipun. Lajeng si Lutung kesah wonten ing wana lan gesang wonten ing mrika.
Lutung                        : “Sauntara iki, aku urip nang kene wae. Becikke yen aku gawe gubuk ndisik.”
            Sinareng wekdal ingkang sami, Ing salah satunggaling kraton wonten ing Jawa Barat. Wonten ing kraton punika dipunpimpin kaliyan Raja ingkang agung lan wicaksana ingkang asmanipun Raja Tapak Agung. Raja Tapak Agung gadhah putri pitu. Ananging gangsal putrinipun sampun gadhah garwa lan mapan wonten ing kraton garwanipun piyambak-piyambak. Kaleh putrinipun Raja ingkang sesilih Purbasari lan Purbararang dereng gadhah garwa saengga taksih mapan wonten ing kraton menika. Wonten ing wekdal punika wonten kedadosan pasewakan agung kangge nemtokaken sinten ingkang badhe anglajengaken nglenggahi dados pusaraning Raja Tapak Agung. Sang Raja paring sabda bilih ingkang badhe ngglantosi minangka dados gantosipun Raja nggih punika putrinipun ingkang kinasih nggih menika Purbasari. Salah satunggaling putrinipun ingkang sesilih Purbararang mboten nyarujuki dhawuh sabda ramanipun.
Raja Tapak Agung      : “Kanjeng rama iki wes sepuh lan kanjeng rama mbutuhake sing nggentos ingkang kedah entuk sing bisa nggawe kraton iki luwih apik.”
Purbararang                 : “Kanjeng rama mboten sisah penggalih ingkang amrat kangge pados tiyang ingkang nggentosi kanjeng rama, amargi ing mriki sampun wonten kula ingkang pantes dados ratu wonten ing kraton menika.”
Raja Tapak Agung      : “Ya apike sing dadi ratu yaitu Purbasari ae.”
Purbararang                 : “Napa? Kanjeng rama menapa ingkang parikedah dados ratu punika Purbasari? Kanging menapa kok mboten kula kemawon? Kula lak nggih langkung pantes dados ratu tinimbang Purbasari.”
Purbasari                     : “Inggih kanjeng rama, Kanda Purbararang langkung pantes dados ratu tinimbang kula.”
Purbararang                 : “Purbasari kemawon ngakeni mboten pantesipun dheweke kagem dados ratu.”
Raja Tapak Agung      : “Nanging ora ngunu, ora luwih apik yen adimu, Purbasari wae sing nerusake nyekel pusaran ing adil kanjeng ramamu sing wis sepuh iki?”
Purbararang                 : “Kanjeng rama mboten adil, kula serik kaliyan kanjeng rama.”
Raja Tapak Agung      : “Mengko sek Purbararang, apike yen kanjeng rama menggalihake.”
Purbararang                : “Nggih. Kula tengga dhawuh pangandikanipun kanjeng rama saklajengipun.”
            Dinten salajengipun, Raja Tapak Agung ngawontenaken pasewakan agung malih
Raja Tapak Agung      : “ Putri-putriku, Kanjeng rama wis nemtokake marga kanggo ngudari perkara iki yaiku salah siji antarane sliramu kabeh sing bisa dadi ratu kudu bisa nyembadani pamundhutku.”
Purbararang                : “Cobi syarat sarana menapa ingkang kanjeng rama kersakaken.”
Raja Tapak Agung      : “Kanjeng rama arep nunjuk salah siji antarane sliramu kabeh sing dadi ratu yen sliramu kabeh wis nemokake calon garwa sing pantes njajari dadi ratu.”
Purbararang                : “Namung menika syarat sarananipun saking kanjeng rama?Nggih sampun kados pundi syarat sarana saking kanjeng rama temtu kula ingkang saget ngungguli.”
Raja Tapak Agung      : “Becike ngono, piye karo kuwe Purbasari?”
Purbasari                     : “Menawi gusti ingkang murbeng dumadi ngersakaken, Mangka kula saget dados Ratu, Nanging mbok bilih gusti mboten ngersakaken, kula badhe nampi lila lan legawa.”
            Kangge menangaken syarat sarana ingkang dipundhamel kaliyan kanjeng rama, Purbararang nyobi dhamel cilaka lan nyelong Purbasari saking kraton.
Purbararang                : “Aku kudu bisa nyingkirake Purbasari saka kraton iki supaya Purbasari ora bisa menangake syarat sarana sing dipundhawuhaken kanjeng rama.”
            Lan wusananipun Purbararang nemokake margi kangge nyingkirake Purbasari. Piyambakipun ngutus Dayang kangge menehi bubuk gatel wonten ing wedhakipun Purbasari supados pasuryanipun Purbasari dados rusak lan malih awon praupanipun.
Purbararang                : “Dayang, tulung delehana bubuk ini ning wedhake Purbasari!”
Dayang                       : “Nanging kanjeng putri, menika bakal njalari bebayanipun kanjeng putri Purbasari.”
Purbararang                : “Yen kuwe ora mituhu reh printahku, kuwe bakal tak tokake saka kraton iki.Nanging yen kuwe gelem, bakal tak wenehi bebungah koin emas.Piye gelem apa ora?”
Dayang                       : “Nggih, Kanjeng kula purun.”
            Wusananipun dayang bidhal menyang kamaripun Purbasari kangge ngaturake dhaharan lan uga maringi ingkang diparingi kaliyan Purbararang. Nanging nalika dayang medhal saking kamaripun Purbasari, kasunyatanipun Purbasari mangertosi Dayang medhal saking kamaripun.
Purbasari                     : “Apa sing kok tindakake ning kamarku, Dayang?”
Dayang                       : “Nyuwun pangapunten kanjeng putri, kula namung ngaturaken dedhaharanipun kanjeng putri.”
Purbasari                     : “Ya wes, Maturnuwun, Dayang.”
Dayang                       : “Nggih, sami-sami kanjeng.”
            Sonten dintenipun saksampunipun siram, Purbasari ngagem wedhak ingkang sampun dipunaringi bubuk gatel kaliyan Dayang. Sekedap saksampunipun Purbasari ngagem wedhak punika, piyambakiun kraos gatel-gatel lan pasuryanipun warnanipun abrit.
Purbasari                     : “Ana apa ambek rupaku iki? Rasake kok panas lan gatel.”
            Pasuryanipun Purbasari dados awon lan wusananipun Purbasari dipunusir saking kraton amargi penyakitipun saget nular.
Purbararang                : “Dinda, kenapa praupamu bisa dadi kayak ngono?”
Purbasari                     : “Kula mboten ngertos kanda. Sekedap saksampunipun kula ngagem wedhak, praupanipun kula dados gatel.”
Purbararang                : “Becike kuwe lunga a saka kene supaya penyakitmu ora nular nek wong  akeh.”
Purbasari                     : “Napa, kanda?”
Purbararang                : “Wessah iki kanggo kabecikan wong akeh, Dinda.”
Purbasari                     : “Nggih sampun, Kanda. Kula purun kesah saking mriki.”
            Wusananipun wonten ing tengahipun dalu. Purbasari tumuju wonten ing wana. Wonten ing wana, Purbasari pinanggih kaliyan Sanghyang Guruminda kang sampun memba dados Lutung. Purbasari ajrih kaliyan Lutung punika.
Purbasari                     : “Sapa kuwe? Lan laopo kuwe nang kene?
Lutung                          : “Lerema mboten usah ajrih, Putri. Kula namung Lutung ingkang nembe pados jatuh krama.
Purbasari                     : “Oh ngono.”
Lutung                          : “Kanging menapa kalian pasuryanipun panjenengan?”
Purbasari                     : “Aku ora ngerti.”
Lutung                        : “Nggih sampun, menika sampun dalu. Becikipun panjenengan sare wonten mriki. Mbenjang enjing kula nganteraken panjenengan tumuju ing panggenan ingkang saget ngusadani pasuryanipun panjenengan.”
Purbasari                     : “Maturnuwun sanget, Lutung.”
Lutung                          : “Nggih, sami-sami.”
            Enjing salajengipun, Lutung nganteraken Purbasari tumuju ing danau ingkang toyanipun saget ngusadani penyakitipun Purbasari.
Lutung                          : “Mangga, Putri, kesah kaliyan kula.”
Purbasari                     : “Nggih, Lutung. Mangga..Mangga”
            Wusananipun saksampunipun Purbasari siram wonten in danau punika, pasuryanipun Wangsul kados asalipun.
Purbasari                     : “Praupanku wes mbalik meneh. Maturnuwun, Lutung!”
Lutung                                 :” Panjenengan ayu sanget.”
Purbasari                     : “Maturnuwun, Lutung.”
            Wusananipun Purbasari kesengsem kaliyan Lutung punika. Salajengipun Purbasari badhe ngajak Lutung kangge sowan wonten ing kraton supados manggihi Kanjeng ramanipun.
Purbasari                     : “Tung-lutung napa kuwe gelem melu aku ning kraton kanggo dadi pasanganku?”
Lutung                          : “Napa pangandikan panjenengan? Mboten klentu, Putri? Napa putri mboten njijik kaliyan praupan kula?”
Purbasari                     : “Ora tung, aku nerima awakmu lila legawa sing awujud kethek iki.”
            Saklajengipun Purbasari lan Lutung sowan wonten ing kraton kagem manggihi Kanjeng Rama, Ananging kanjeng ramanipun sampun seda wekdal Purbasari wonten ing wana.”
Purbasari                     : “Kanda, wonten pundi kanjeng rama?”
Purbararang                : “Napa kuwe ora reti, Dinda? Kanjeng rama sampun seda.”
Purbasari                     : “Napa, kanda?Kanjeng rama seda? Kanging punapa Kanjeng rama saget seda?”
Purbararang                : “Kanjeng rama gerah amarga ana berita yen kuwe wes ora ana. Lha sapa sing ning sampingmu iku?”
Purbasari                     : “Menika calon garwa kula, kanda. Asmanipun Lutung.”
Purbararang                : “Apa? Pasanganmu awujud Kethek? Coba deloken pasanganku iki, dewekke luwih becik tinimbang pasanganmu kuwi.”
Purbasari                     : “Ananging kula tetep tresna marang piyambakipun, amargi piyambakipun nggadahi sifat ingkang sae. (Kaliyan ngelus-elus Praupanipun Lutung)
            Sak menika ugi Lutung wangsul praupanipun kados asalipun. Dados si Sanghyang Guruminda sampun manggihi jatuh kramanipun yaiku Purbasari.
Purbararang                : “Wah bagus tenan pasanganmu kuwi, Dinda.”
Purbasari                     : “Wah nggih, niki bener Lutung?”
Lutung                          : “Nggih, Putri nami kula Sanghyang Guruminda ingkang njelma dados manungsa amargi pengen madosi jatuh krama.
            Wusananipun Purbararang ngrestui bilih adinipun, Purbasari luwih pantes dados ratu anglajengaken Raja Tapak Agung.
Purbararang                : “Dinda sliramu luwih pantes dados Ratu. Sakdurunge aku njaluk sepura, bilih sing marai praupamu elek iku aku. Aku ngongkon Dayang supaya menehi bubuk gatel nang wedhakmu.
Purbasari                     : “Panjenengan, Kanda?
Purbararang                : “Iya, Dinda.”
Purbasari                     : “Nggih sampun mboten napa-napa kanda. Panjenengan sampun kula  sepurani.”
Purbararang                : “Maturnuwun, Dinda.”
               Wusananipun Purbasari dados Ratu wonten ing kraton lan krama kaliyan Sanghyang Guruminda. Piyambakipun sedaya rahajeng ing gesang.

-----


Dan itulah teks drama dari kelompok aku, semoga bermanfaat..
 
Wassalam.. 
 
.

2 comments:

  1. kak ini unsur instrinsik dan ekstrinsik nya kurang lengkap tolong ditambah lagi ya kaka

    ReplyDelete