WELCOME TO MY SIMPLE BLOG, MAY USEFUL FOR US

Saturday, January 7, 2017

PUPUH POCUNG BESERTA ARTINYA


Assalamu'alaikum pembaca! Ini adalah post pertama admin di tahun 2017 !! Yeyyy !! Happy New Year btw :) Semoga lebih baik dari tahun-tahun sebelumnya :)
Admin nge-share ARTI setiap paragraf (pada) dari Pupuh Pocung.
Semoga bermanfaat :)


PUPUH POCUNG [33-47]
NO
PUPUH
ARTI
1
Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budaya pangekese dur angkara.
Ilmu menika saged dipungayuh kanthi cara ngresepi tindak tandukipun kang tulus. Menika kangge ngadepi/naklukake angkara murka.
2
Angkara gung neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira,
Triloka lekeri kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Hawa nepsu ing jroning awak kaperang dados 3 nggih menika donya (banda), astral (mboten ketingal/napsu saking setan), mental (pikiran). Yen diumbarke bisa nyengsarakake awake dhewe.
3
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun,
Semune ngaksama,
Sasamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi martatama.
Yen hawa nepsu saged dikendalekake bakale duweni watak kang sabar lan bisa ikhlas olehe menehi sepura marang sasama kang duweni watak ala.
4
Taman limut durgameng tyas kang weh limput,
Karem ing karamat,
Karana karoban ing sih,
Sihing sukma ngrebda saardi pengira.
Mila menawi mboten iling lan waspada pungkasane bakal kerem (tenggelam) ing godaan saka awake dhewe.


5
Yeku patut tinulat tulat tinurut,
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin,
Keh pra mudha mundhi diri lapal makna.

Wong sing duweni budi luhur iku wajib ditiru lan dianut pituduhe. Aja kaya jaman sakmangke (sakiki) sing mung duweni rasa maren yen wis ngerti/apal ilmune.
6
Durung becus kesusu selak besus,
Amaknani rapal,
Kaya sayid weton mesir,
Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma.
Durung iso nanging wis seneng mamer-mamerke ilmune kaya-kaya sayid sing saka Mesir. Senengane mung nyalahke pituture wong liya.
7
Kang kadyeku kalebu wong ngaku aku,
Akale alangka,
Elok Jawane denmohi,
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing Mekah.
Wong sing mamer-mamerke mau (Pupuh 6) kagolong wong kang ngaku-ngaku tindak-tanduke kaya golek ilmu. Padahal ilmune isih cethek (sitik)  nanging meksa melajari ilmu saka Mekah.
8
Nora weruhrosing rasa kang rinuruh,
Lumeketing angga,
Anggere padha marsudi,
Kana kene kaanane nora beda.
Yen duweni niat kanggo nggolek ilmu sing ono ing jroning awak, kudu usaha lan sinau. Hasil sing digayuh bakale padha ora ono bedane.
Marsudi : sinau
9
Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu,
Yen ersu ersua,
Ing drajat kajating urip,
Kaya kang wus winahya sekar srinata.

Yen dilakoni kanthi tulus ora nyimpang saka niate bakale bisa kagayuh tujuane urip kaya kang wis diandarake ing tembung sinom.
Kalbu : ati
Srinata : sinom
10
Basa ngelmu mupakate lan panemu,
Pasahe lan tapa,
Yen satriya tanah Jawi,
Kuna kuna kang ginilut tripakara.
Sing diarani ilmu kuwi yen iso nganggo cara ngilmune / akal pikirane dhewe. Cara-cara mau sing ngandhut 3 perkara.
11
Lila lamun kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman,
Sakserik sameng dumadi,
Tri legawa nalangsa srah ing Bathara.

Ikhlas menawi kelangan tanpa getun. Sabar lan nerima ing pandum yen digawe lara atine. Pasrah mring gusti.
12
Bathara gung inguger graning jajantung,
Jenak Hyang wisesa,
Sana pasenedan suci,
Nora kaya si mudha mudhar angkara.

Gusti ingkang Maha Agung kang ana ing jroning jantung. Nyawiji marang gusti kang Maha Kuasa. Kanggo ngresiki awake dhewe kanggo ngilangake angkara murka. Aja kaya wong enom sing ngumbar napsu/angkara.
13
Nora uwus kareme anguwus uwus,
Uwose tan ana,
Mung janjine muring muring,
Kaya buta buteng betah anganiaya.
Ora uwis-uwis olehe maido. Ora ono gunane. Isine mung muring-muring dhewe kaya buta sing senengane ngamuk lan nganiaya.
14
Sakeh luput ing angga tansah linimput,
Linimpet ing sabda,
Narka tan ana udani,
Lumuh ala ardane ginawa gada.
Akeh salahe sing ana ing jroning awak kanthi nutupi. Mula katutup kaliyan pitutur. Ora ono sing maneni. Ngomonge ora seneng tumindak ala.
Sabda : pitutur
15
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul,
Kaseselan hawa,
Cupet kapepetan pamrih,
Tangeh nedya anggambuh.

Durung akeh olehe golek ilmu. Nanging wis keseselan/kelebon hawa nepsu. Saengga katutup dening pamrih. Mula angel mawiji marang gusti.
Cupet : sithik
INTI PUPUH POCUNG (Ngumbar Angkara Murka)
AMANAT :

Ngajarake supaya manungsa saged ngendalekake/nyingkirake angkara murka.
Wassalamu'alaikum...

No comments:

Post a Comment